PADA NGAJI-A
Sedaya dulur mangga yen ngaji
Ngaji Al Quran lan Hadits Nabi
Perkara repot aja turuti
Digawe sangu urip lan mati
Yen isih cilik diwulang ngaji
mBesuk yen gede supaya ngerti
Lamuna sira durung pada ngerti
Pada ngaji-a marang Kyai
Senajan tuwa pada ngaji-a
Aja mung dongeng lan crita-crita
Putra putrine diwulang ngaji
Sholih-sholihah tur pada ngerti
Penulis sanjak : mBah Sakrip.
Padepokan kreatif : 14-03-2013
NGARANG AJARAN
Krenteging ati pancen kepingin
kaya kanca-kanca dek semana
karangane mesti ditrima
uga ditulis ing majalah basa jawa
uga bisa diwaca wong sak nuswantara
Krenteging ati pancen kepingin
kaya kanca-kanca dek semana
nanging uga wis dak coba
bola-bali tanpa guna
lembaran-lembaran sing wis dak tulis
entek-entekane mung muspra
sing wis dak kirim via e-mail
menyang majalah Panjebar Semangat
ora bisa dimuat
nanging........aku tetep duwe semangat
Krenteging ati pancen kepingin
kaya kanca-kanca dek semana
urag-ureg ana kertas
nganggo pulpen lan kertas kuning emas
senajan ta wis ana sing dak gagas
nanging.... seprana-seprene
tansah kandas
uga.....wis sak mesthine
aku ora mikir perkara honor
senajanta entuk weselan honor
paling-paling mung ke kanggo tuku kathok kolor
ya.....sepurane sing akeh dulur
pancen isih ngarang ajaran
Padepokan kreatif : Maret 2013
Penulis/pengarang: mBah Sakrip